SELAMAT DATANG


Sengseming manah karana sinambrama tekening panggayuh utomo



Budaya

### GORO-GORO ###
 


Goro-goro ing jaman rekasa,
udan barat salah mangsa,
bledheg, guntur, gludhug ngumbar suwara,
gunung jugrug tanpa dinyana,
banjir lahar gedhe saya ndadra,

Nalika samana,
bareng lan kang padha sami sangsaya,
umating Gusti tambah sangsara,
bandha donya ilang musna tanpa sisa,
sasat urip kang tanpa guna,
bebasan kaya linebur ing alam neraka,

Kocap kacarita ................
jagad saya cetha wela-wela,
jebul ing sisih jagading para panguwasa,
akeh punggawa padha pista raja,
njarah rayah darbeking kawula,
jare ora mingsra tanpa guna,

Sing korupsi ngambra-ambra,
saben kedadeyan kaya ditata,
ora mawas kawula pada rekasa,
bancakan korupsi wis saya mlaha,
kabeh mung kanggo tutup kuping lan tutup mata,
ethok-ethok ora ngerti lan ora nyana,

Pirembugan musyawarah golek pangalembana,
prasasat jaja bang mawinga-winga,
nudhing kene nudhing kana,
omong ngene omong ngana,
ning jebul critane padha,
melu rayahan turahane negara,

Goro-goro ing jaman kuncara,
sithik mbaka sithik diupakara,
para kawula kang isih percaya,
sengkut gumregut ambangun negara,
guyup rukun murih sentosa,
kuat iman jejeging agama,
muhung manungkul mring ngarsaning Maha Kuwasa,
sarta nulad edi endahing budaya,

"Duh, sang retnaning bawana,
mituhu dhawuhing para sarjana sujana,
ayo ngemban sarta ngembun aruming asma,
yekti sinareng ing mangsakala,
mapan ing manah minangka sasana suka,
makempal manunggal ngudi sengseming budaya
mulad edi - peni - asri - endah - rarasing basa
kanthi asesanti lan mahastungkara,

JAYA-JAYA WIJAYANTI, LINEBUR SAGUNG RUBEDA, MANGGIH YUWANA"





CATUR   WEDHA
Katindakaken dening Rama Calon Temanten Putri )

1.   Priya kang wus angemong wanodya, tandang-tanduke kudu wus beneh lawan nalikane isih jejaka. Mangkono uga, wanodya kang wus kaemong ing priya, tandang-tanduk lan pakartine uga netepana jejering wanodya kang wus ora lamban.

2.   Manten sakarone, jroning batin tansah sungkema marang maratuwa kadidene marang wong tuwanira pribadi, awit kang padha amangun bebesanan, pangrengkuhe marang mantu, uga kaya marang putra-putrine pribadi.

3.   Urip ing bebrayan agung, sira wajib netepana angger-anggering praja. Pikolehe pinutra ing Nata miwah kinasih sing sasama, dimen sinuyudan, temah anjalari gancar salwiring pambudi-daya.


4.   Ngestokna dhawuhing Pangeran lan singkirana wewalere Kang Maha Kawasa, kanthi warahing piyandel utawa agama kang den anut, tindakna ing sadina-dina, dimen ayem tentrem sarta rahayu kang pinanggih.

Tidak ada komentar: